IDA LAILA



ALBUM SYIIRAN WALI SONGO HJ.IDA LAILA
Album REligi Syi'iran wali ini meupakan album yang sangat lawas/lama di nusantara ini. kira kira tahun 1995 dulu. dan tentunya saya sangat suka akan seluruh lantunan indahnya suara ida laila.
Namun lirik syairnya berbahasa jawa, hal ini dikarenakan syi'iran ini diciptakan oleh nenek moyang kita orang jawa bahkan terindikasi karya ulama atau para wali.

Ada 8 Macam lagu dalam album religi ini
01. Eling-Eling - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
02. Khusnul Khotimah - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
03. Sembahyang - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
04. Maulid Nabi - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
05. Asmane Wali Songo - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
06. Pitakon Kubur - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
07. Kemanten Anyar - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
08. Luru Ilmu - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download 

DOWNLOAD VIA MEDIAFIRE

 01. Eling-Eling - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
02. Khusnul Khotimah - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
03. Sembahyang - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
04. Maulid Nabi - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
05. Asmane Wali Songo - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
06. Pitakon Kubur - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
07. Kemanten Anyar - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download
08. Luru Ilmu - Syi'iran Wali Ida Laila.mp3
 Download 


Untuk Lirik Syi'iran wali Sebagai berikut :
==========================================
01. Eling-Eling - Syi'iran Wali 
Eling-eling siro manungso
Elingono anggon mu sholat ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaekat juru pati

Panggilane Kang Moho Kuoso,
Gelem ora bakal di gowo
Disalini sandangan putih,
Yen wes budal ra biso muleh

Tumpakane kereto jowo
,Roda papat rupo manungso,
Jujugane omah guwo,
Tanpo bantal tanpo kloso

Omahe ra ono lawange,
turu ijen ra ono kancane ,
Di tutupi anjang- anjang ,
Diurug lan di siram kembang
==========================================
02. Khusnul Khotimah - Syi'iran Wali
Ayo sedulur sing sregep ngaji
Ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane
Sebab nyawane ilang saka awake
Wong urip ning donyo iku mung sesaat
monggo sing age agetaubat
Tobat saking sakabeh maksiyat
Mumpung durung teka wektune wafat
untung temen wong sing gelem sholat
Lan ngakeh-akehne maca sholawat
Sholawat maring nabi Muhammad
Sebab ngajeng-ajeng angsal syafaat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan gesang istiqomah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
mbejang pejah khusnul khotimah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan umur berkah
kangge ibadah kanti ta'at
Lan Nebihi laku maksiat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan rizki kathah
saget Kangge amal jariyah
Lan ziarah dateng mekah
==========================================
03. Sembahyang - Syi'iran Wali 
Eman eman temen
wong sugih durung sembahyang
nabi Sulaiman Sugih
wes nglakoni sembahyang

Eman-eman temen
Wong mlarat durung sembahyang
nabi Ayub melarat
wes ngakoni sembahyang

Eman-eman temen
Wong bagus durung sembahyang
nabi Yusuf bagus.
wes ngakoni sembahyang

Eman-eman Temen
Wong ayu durung sembahnyang
Siti Fatimah ayu
Wes nglakoni sembahyang
 
==========================================
04. Maulid Nabi - Syi'iran Wali
wulan rabiul awal dinten kang mulyo
dinten agung wiosan junjungan kita
Gusti  nabi kinarya panutan jalma
rawuhipun ngampil pepadhang lir surya

sapa wonge manut tindake jeng nabi
besuk mati bakal disyafaati
kabeh nabi ora bisa nyafaati
kejaba mung gusti kita kanjeng nabi

ngelinono besuk mati sing digowo

amal besik sing digaweono ndonyo
nomer siji sholat wajib kang sempurno
nomer loro laku becik mring sapadha

nomer telu anak sholeh sarta ta'at
paring  warah marang ilmu kang manfaat

mesti dipun cathet dening malaikat
insyaAllah nggampangake  nggone sekarat

Aduh gusti Allah kula nyuwun welas
Mugi kula kadadosno tiyang ta'at
kalebetno golongan umat muhammad
kaparingan syafaat rahmat lan nikmat
 ==========================================
05. Asmane Wali Songo - Syi'iran Wali
Ono Syi’ir Iki Aku Arep Matur
Asmane Wali Songo Ingkang Mashur
Ono Syi’ir Iki Aku Arep Matur
Asmane Wali Songo Ingkang Mashur

Maulana Malik Ibrahim Syekh Magribi
Iyo Iku Sunan Gresik Ojo Lali
Raden Rahmad Sunan Ampel Jawa Timur
Turun Songko Puri Cempo Ingkang Mashur
Mahdum Ibrahim Putrane Raden Rahmad
Sunan Bonang Sedereke Sunan Derajat

Sunan Drajat Asmo Raden Syarifudin
Sunan Giri Asmo Raden Ainulyaqin
Syekh Jakfar Shodiq Yoiku Sunan Kudus
Dakwah Agomo Kanti Niat Kang Tulus

Raden Syahid Iku Sunan Kalijogo
Putrane Bupati Tuban Wilatikta
Sunan Murya Asmo Raden Umar Syaid
Putra Sunan Kalijogo Raden Syahid

Sunan Gunung Jati Raden Fatahillah
Gigih Perjuangan Ngusir Penjajah
Kang Kasebut Iku Mashur Wali Songo
Perintis Dakwah Islam Ing Tanah Jowo
 ==========================================
06. Pitakon Kubur - Syi'iran Wali
Para sedulur mangertenono
Yen ing alam kubur bakal ono
Ono pitakon enem perkoro
Kudu biso anjawab siro

Kaping sepisan pitakonane
Gusti Pangeranmu iku sopo
Nuli njawabo kelawan cetho
Yen Gusti Alloh Pangeran kulo

Kang kaping pindho pitakonane
Sopo iku kanjeng nabi niro
Enggal njawabo kelawan cetho
Yen nabi Muhammad nabi kulo

Kaping telune pitakonane
Yo opo iku agomo niro
Njawabane ora ono liyo
Yoiku islam agomo kulo

Kang kaping papat pitakonane
Kiblat iro yoiku opo
Ka’batulloh iku kiblat kulo
Koyo mengkono njawabo siro

Kaping limone pitakonane
Yo opo iku panutan iro
Kitab Al-Quran njawabo siro
Yo iku kitab panuntun kulo

Kang kaping enem pitakonane
Yo sopo iku sedulur iro
Kaum kuslimin ugo muslimat
Yoiku kabeh sedulur kulo
==========================================
07. Kemanten Anyar - Syi'iran Wali
aduh senenge temanten anyar
ngagem busana sarwa gumebyar
kakung lan putri timbang lan jajar,
sinawang kaya rembulan kembar

Aduh Senenge waktu temonan
Kakung lan putri padha
Nuli lenggah jejer bebarengan
ing padhi padhi sarwo kembar
  
==========================================
08. Luru Ilmu - Syi'iran Wali
Wajib luru ilmu sira, Anda wajib mencari ilmu
Lanang wadon padha-padha, laki perempuan sama
Supaya uripe begja, Supaya hidup benar
Ing donya lan akhir ira. Di dunia dan akhir zaman
Pirang-pirang wong ibadah, Berkali-kali manusia beribadah
nanging akeh kang ora sah, Namun banyak yang tidak sah
Najan awake dha payah, Karena tubuh mereka terlalu lemah
Sebab luru ilmu wegah Sehingga mencari ilmu enggan
Aja sungkan awak sira, Jangan malu Anda
Rina wengi padha lunga, Siang malam telah pergi
Luru ilmu niyat ira, Mencari ilmu niat Anda
ben apik ibadah ira. Supaya baik ibadahnya
Kanjeng Nabi wes ngendhika, Nabi sudah berkata
Sapa ngambah jalan raya, Siapa yang melebarkan jalan
Murih ilmune agama, mencari ilmu agama
Mesthi gampang nyang suwarga. Pasti mudah masuk surga
Semut-semut ing leng ira, Semut-semut di lubang anda
iwak kabeh ing segara Semua ikan di laut
Padha nyuwunake ngapura, Semua memintakan maaf
Dha ketrina maring sira Supaya diterima di sisiNya
Malaikat sakkabehe Malaikat dan semuanya
Padha mbeber sawuwune Membuka sayapnya
Kanggo mayungi sirahe Untuk memayungi kepala
Wongkang sregep ing ngajine Orang yang rajin mengaji
Ganjarane wong kang ngaji Pahala orang mengaji
Luwih agung yen katiti Lebih agung jika tepat waktu
Katimbang wong kang nglakoni daripada orang yang menjalankan
Sembayang sunnah sawengi Sholat sunnah tiap malam
Apa maneh lamun mati Apalagi kalau sudah mati
Hukume syahid sejati Hukumnya syahid
Ora ana welas niki Tidak ada kasih yang lain
Anging suwarga kang edi Kecuali surga yang baik
 ==========================================
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hits Dangdut 90' an

OM. AWARA Album VOL 13

DOWNLOAD LAGU TERBARU OKTOBER 2017